Media Sosial? : Argumen basa jawa

Media Sosial?
Dikarang dening : Oni Harnantyo
Kelas XII TKJ 2
       Ana ing tahun 2015 iki sapa kang ora ngerti media sosial kaya dene facebook, twitter, lsp. Media sosial kui dudu barang kang kang asring ana ing remaja jaman saiki. Meh kabeh remaja saben dinane aktif ana ing media sosial iki. Nanging apa kui media kang pas kanggo remaja? Lan ngapa remaja luwih milih media sosial ketimbang sosial kang sabenere?.
            Media sosial yaiku sarana kanggo njalin komunikasi marang kanca – kanca kayata kanca kelas, kanca kerjaan, lsp sacara virtual / online. Ana ing media sosial para penganggo bisa update apa kang lagi ana ing pikirane sawayah – wayah lan sapa bae kang wis ana hubungan marang akun kang update bisa mangerteni. Ana ing kana uga bisa interaksi kanthi cara komentar lan uga cara liyane.
“Ananging apa bener media sosial kang fungsine kanggo interaksi kui bisa netepi guna sabenere?”
 Miturut survey cilik – cilikan, remaja aktif ana ing media sosial meh saben dina.
“Apa kang dilakokake para remaja ang ing media sosial?”
Apa amerga tren saengga para remaja iku saking pengen bangeti aktif ana ing media sosial?
            Aktif ana ing media sosial sejam per dina wis nyita waktumu sejam ana ing dina kui. Kang sakjane bisa digunakake kanggo bab –bab kang luwih produktif  kayata sinau, maca buku, lsp. Waktu kui uga bisa digunaake kanggo interaksi marang kanca-kancamu.
            Ana piro status lan tweet kang diupdate saben dina? Apa kang di update ing media sosial? Yen kui arupa bab – bab kang apik ora masalah. Ananging, yen kang diupdate kui mung ukara – ukara kang basa tren saiki “alay” apa kui ora mung guwang waktu, tenaga, lan biaya. Apa gunane nongkrong ana ing warnet yen mung update rana – rene bab kang ora karuan.
            Ana ing media sosial uwong kang saben dina aktif ora mung remaja ananging wong tua uga akeh. Padahal mesti wong tua mau duwe pekerjaan, ananging malah sibuk dolanan media sosial.
            Media sosial uga bisa dadi sarana kang ora becik. Akeh kasus bab SARA kang dumadi ana ing facebook. Apa kui kang diarani media sosial? Apa kui tujuan anane media sosial?. Ana kasus kang skalane luwih cilik yaiku kasus antar kanca kang padha sindir – sindiran lan omong elek ana ing facebook.
            Pengaruh kang ditimbulke media sosial ana ing kalangan remaja parah banget. Para remaja kang wis kecanduan media sosial cenderung luwih nutup pergaulan saka kanca kiwa tengene lan milih aktif ana ing media sosial kang durung mesti kenal marang kabeh kanca ing kana. Amarga ketagihan, remaja uga  kelangan kepuasan interaksi marang wong kang sabenere lan luwih milih interaksi lewat media sosial iki kang bentuke namung layar hp utawa komputer. Remaja cenderung bisa gagap sosialisasi. Iki kang dadi masalah paling utama kang ditimbulke media sosial.
            Mula iku, kita kudu nilik ana ing awake dewe. Kita kudu bijak nggunakake media sosial iki. Yen media iki digunakake kanthi bijak uga akeh manfaate. Kontrol marang awak dewe iku penting dilakoni. Aja di sia-siake kanca – kanca kang ana ing sekitarmu. Singkirke bab – bab kang ana gayutane marang media media sosial yen kui ora menyangkut urip matimu utawa penting banget.
           



0 Response to "Media Sosial? : Argumen basa jawa"

Post a Comment